Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh
الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ
أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ
تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ
Jemaah ingkang minulyo.
Sadaya puji kagunganipun Allah subhanahu wa ta'ala.
Allah sampun paring rahmat saha kanugrahanipun, saengga kita sami kaparingan
kalodhangan ngrawuhi majelis ingkang tansah pinaringan barokah.
Monggo kito sami-sami taqwo dumateng Gusti Allah wonten ing pundi kemawon
kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun.
Kita ugi aturaken sholawat saha salam dumateng
junjungan kita Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam. Nabi Muhammad
ingkang nabi akhir zaman ugi dados tuntunan umat manungsa supados slamet wonten
ing dunyo lan akhirat.
Sedaya jemaah ingkang minulyo.
Wekdal lumampah kados dene kita sampun mlebet minggu
kepisan kalih wulan Ramadhan. Kawajiban umat Islam nindakake pasa sampun
kaandharaken wonten ing sabdanipun surat
Al-Baqarah ayat 183:
"Yā ayyuhallażīna āmanụ kutiba 'alaikumuṣ-ṣiyāmu
kamā kutiba 'alallażīna ming qablikum la'allakum tattaqụn."
Artinipun,"
Wahai orang-orang yang beriman! Diwajibkan atas kamu
berpuasa sebagaimana diwajibkan atas orang sebelum kamu agar kamu
bertakwa."
Saklajengipun, kautaman wulan siyam
inggih menika wulan penebus dosa. Wonten ing satunggaling hadis,
Rasulullah ngendika:
Jarak antarane shalat limang wektu,
shalat Jum’at lan pasa Jum’at lan Ramadhan sabanjure karo Ramadhan sabanjure
minangka penebus dosa-dosa sing ana ing antarane, yen panjenengan ora nindakake
dosa gedhe,” (HR Muslim).
Pramila sumangga kita tansah ngginakaken
kalodhangan punika kanthi nambahi amal ibadah. Sumangga kita ngisi 10 dinten ingkang
kaping setunggal kanthi nambahi amalan ibadah sunnah sanesipun supados pikantuk
kamulyaning wulan Ramadhan saking Allah SWT.
Lajeng menapa ingkang saged kita
tindakaken kangge nyuwun pangapunten dhumateng Allah? Ing antarane tumindak
kasebut yaiku nambahake shalat wengi, sedekah, lan sakpiturute.
Ora mung Tarawih kang bisa dileksanakake
ing masjid-masjid. Kito uga bisa ditambahi shalat-shalat liyane, kayata salat
tobat, tasbih, tengah wengi ing telung wengi akhir, lan adat ditutup karo solat
witir.
Kajaba iku, kita bisa nambahi donga ing
wulan Ramadhan. Donga kanggo awake dhewe, wong tuwa, guru, sedulur lan sedulur
liyane. Kita ugi saged maos Al-Qur’an lan dzikir supados pikantuk ganjaran
ingkang kathah saking Allah.
Mekaten kultum saking kulo. Mugi-mugi
atur kula menika wonten manfaatipin kagem kito sedaya.
Wassalamu'alaikum warahmatullahi
wabarakatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar