Assalamu'alaikum
warahmatullahi wabarakatuh,
Bismillaahirrahmaanirrahiim...
إِنّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ
وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا
وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ
فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ
مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيّدنا مُحَمّدٍ وَعَلى
آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.
Puji syukur konjuk dhumateng
ngarsanipun Allah Swt. ingkang tansah paring pitulungan dhumateng kita sedoyo,
lan paring pangayom saking tumindak ingkang awon. Sinteng ingkang katuntun
dening Allah, mboten wonten ingkang saged nyasaraken. Sinten ingkang nyimpang
saking merginipun Allah, mboten wonten ingkang saged nuntun kajaba Gusti
Pangeran.
Sholawat saha salam mugi tansah katur
dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. sesarengan kaliyan keluarga,
sahabat, lan umat Islam ingkang ndherek panjenenganipun ngantos dinten kiyamat.
Amma ba'du...
Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,
Wonten ing wulan Ramadhan ingkang
suci punika, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun
Allah Swt. Kathah berkah saking Allah dhumateng kita piyambak. Contonipun,
ingkang sepisan, nikmat ingkang kedah kita syukuri inggih menika dipun paringi
umur lan kesehatan saged nemoni wulan Ramadhan.
Ramadhan punika wulan ingkang kebak
kamulyan, berkah, saha maghfirah saking Allah Swt. Wonten riwayat saking Abu
Hurairah ra. bilih Rasulullah SAW. dhawuh mekaten:
عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ
اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ
فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ
السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرْدَةُ
الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ (سنن النسائي
الجزأ 7 ص.
Artosipun:
"Saka sahabat Abu
Hurairah ra., bilih Rasulullah sampun ngendika: Satemene wulan Ramadhan wis
teka marang sira, wulan kang kebak berkah, ing sasi iku Allah SWT ngwajibake
sira padha siyam. Ing sasi iku, lawanging swarga dibukak, dene lawanging neraka
ditutup lan setan-setan dibelenggu. Ing sasi iku ana wengi kang luwih becik
tinimbang sewu wulan," (H.R. An-Nasa’i).
Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,
Tuladhanipun kanugrahan
ingkang kaping kalih ingkang kedah dipun syukuri inggih menika dipunparingi
kekiyatan lan kesehatan kangge nindakaken siyam. Puasa ramadhan menika
mujudaken amalan kagem tiyang ingkang taqwa. Gusti Allah Swt. wonten ing surat
Al-Baqarah ayat 183 dhawuh mekaten:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ
عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ
تَتَّقُوْنَۙ
Artinya:
"He wong-wong kang
padha iman, sira diwajibake pasa kaya kang diwajibake marang wong-wong
sadurunge sira, supaya sira padha taqwa,"(QS. Al-Baqarah [2]: 183).
Kajawi
saking kalih tuladha ing nginggil, taksih kathah kanikmatan sanèsipun ingkang
kedah dipun syukuri ing wulan Ramadhan, kadosta dipun pangapunten
dosa-dosanipun, dipun inggilaken drajadipun, ugi dipun angkat kesarasan rohani
lan jasmani.
Kaum muslimin muslimat
wal muslimat, rahimakumullah,
Mekaten
kultum ingkang saged kula udharaken. Mugi saged mbeta berkah kagem kita
sedanten. Ugi, mugi Allah SWT. rida dhumateng sedaya amalan ingkang kita
lampahi. Aamin aamin ya rabbal alamin.
وَاللهُ المُوَفِّقُ إِلَى أَقْوَمِ الطَّرِيقِ
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar