Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillahirabbil 'alamin, puji syukur
dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring nikmat iman, Islam, saha
kesehatan saengga kita saged kempal wonten mriki. Sholawat lan salam mugi katur
dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Bapak/Ibu jamaah ingkang minulya,
Manungsa meniko asring kesupen ngelampahi
syukur atas nikmatipun Gusti Allah ingkang mboten saged dietang kathahipun
. Kamangka, kanthi syukur, Allah janji bakal
nambah nikmat kasebat, kados dawuhipun:
"La’in syakartum la’azidannakum"
.
Syukur mboten namung ngucap
"Alhamdulillah" ing lisan. Nanging, syukur sing bener inggih punika:
1.
Syukur kelawan ati: Ngakoni menawi sedaya nikmat (sehat, rejeki, kulawarga)
asale saking Gusti Allah.
2.
Syukur kelawan lisan: Ngucap tahmid lan dzikir.
3.
Syukur kelawan perbuatan: Nggunakake kanugrahan kanggo ibadah, sodaqoh, lan nulung
sesama.
Mugi-mugi, kita sedaya kalebet golongan hamba
ingkang tansah syukur, mboten kufur nikmat, saengga berkahipun urip bakal
tansah krasa.
Cekap semanten ingkang saged kula aturaken.
Nyuwun pangapunten menawi wonten kaluputan.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar