Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
"Langkung rumiyin, sumangga kito tansah
muji syukur dhumateng Allah SWT. Alhamdulillah, kito taksih dipun paringi
wekdal kagem nglampahi siyam. Sholawat sarta salam mugi katetepna dhumateng
Kanjeng Nabi Muhammad SAW."
"Para sederek kaum muslimin ingkang dipun rahmati Allah, wulan Ramadhan
menika kados dene 'panen raya' ganjaran. Boten namung ibadah wajib (siyam), nanging
amalan sunnah ugi nggadhahi kautaman ingkang ageng. Wonten sekawan amalan
sunnah ingkang sae sanget kito kiyataken:"
·
Sepisan, Ngakhiraken Sahur lan Ngenggalaken Buka: Kanjeng Nabi dhawuh bilih wonten ing
sahur menika wonten barokah. Lan nalika wekdal Maghrib sampun dumugi,
sunnahipun dipun enggalaken buka, amargi menika tandha kito nampi kanugrahan
saking Allah.
·
Kaping kalih, Shalat Tarawih lan Witir: Shalat sunnah ingkang namung wonten ing
wulan Ramadhan menika saged nglebur dosa-dosa kito ingkang sampun kepengker,
menawi dipun lampahi kanthi iman lan ikhlas.
·
Kaping tiga, Tadarus Al-Qur’an: Ramadhan menika wulan nipun Al-Qur'an.
Maos setunggal huruf kemawon ganjaranipun tikel sedoso, menopo malih menawi
kito saged khatam lan mahami artosipun.
·
Kaping sekawan, Ngathah-athahaken Sedekah: Kanjeng Nabi menika tiyang ingkang loman
sanget, lan langkung loman malih nalika wulan Ramadhan. Sedekah mboten kedah
kathah, nanging kedah ajeg (istiqomah), kados paring dhaharan kagem tiyang
buka.
"Mugi-mugi kito mboten dados tiyang ingkang rugi, ingkang namung angsal
luwe lan ngorong. Sumangga kito isi wekdal ingkang kantun menika kanthi amalan
sunnah supados angsal drajat takwa ingkang sampurna."
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar