Rabu, 18 Februari 2026

KULTUM BAHASA JAWA - Sabar Iku Mustikaning Laku

 

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. 

Alhamdulillah, puji syukur dhumateng Allah SWT, solawat lan salam katur dhumateng Nabi Muhammad SAW.

Hadirin ingkang minulya,

Sabar punika boten namung nahan amarah, nanging ugi nahan hawa nafsu lan nampa pepesthen kanthi rido. Wonten tiga jinis sabar ingkang kedah kita gadhahi:

1.    Sabar ngadhepi pacoban: Nalika kena musibah, rejeki seret, utawi sakit, kita kedah sabar amargi punika ujian kangge mundhakaken drajat.

2.    Sabar nindakake dhawuh Allah: Kanthi ajeg sholat lan ibadah sanesipun.

3.    Sabar nebihi maksiat: Mboten tumindak duso senajan dipun godha nafsu. 

Wonten unen-unen "Wong sabar rejekine jembar, wong ngalah uripe berkah". Tiyang ingkang sabar menika hatinipun ayem lan mboten gampang stres amargi ngertos menawi sedaya urusan sampun diatur Gusti Allah. 

Mugi-mugi kita sedaya kalebet golonganipun tiyang ingkang sabar lan pikantuk pitulungan saking Allah SWT. 

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

KULTUM SINGKAT BHS JAWA - Ngiyataken Iman Lumantar Dzikir lan Donga

  Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. "Alhamdulillah, sumangga kito tansah munjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT ingkan...