Rabu, 18 Februari 2026

Nggayuh Berkah kanthi Ngathah-athahaken Sedekah - KULTUM SEDEKAH BAHASA JAWA

 

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

"Puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring nikmat iman lan Islam. Sholawat sarta salam mugi tansah katur dhumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW, uswatun hasanah kito sedaya." 


"Para Bapak lan Ibu ingkang dipun mulyaken Allah, wulan Ramadhan menika asring dipun sebat Syahrul Jud utawi wulan kemurahan. Kanjeng Nabi Muhammad SAW piyambak paring tuladha bilih panjenenganipun langkung loman wonten ing wulan Ramadhan tinimbang wulan sanesipun."

Wonten tigo kautaman sedekah ingkang kedah kito mangertosi:

·         Sedekah Mboten Nyuda Arta: Gusti Allah sampun prasetya bilih sedekah menika mboten badhe ndadosaken kito mlarat. Kosok balipun, sedekah badhe mbuka pintu rejeki saking dalan ingkang mboten dipun nyana-nyana lan nambah berkahipun bandha dunya.

·         Nglebur Dosa: Kados dene toya (air) ingkang saged mpejahi geni, sedekah ingkang dipun lampahi kanthi ikhlas saged nglebur dosa-dosa kito. Menika kesempatan emas nalika kito saweg siyam kagem nambah timbangan amal kabecikan.

·         Paring Kabingahan dhumateng Sesami: Sedekah mboten kedah mawi arta ingkang kathah. Paring dhaharan kagem tiyang buka (ifthar) senadyan namung seteguk toya utawi setunggal kurma, ganjaranipun sami kaliyan tiyang ingkang siyam wau tanpa nyuda ganjaranipun sethithik wae.

"Mila saking menika, sumangga kito dadekaken Ramadhan menika momentum kagem nggulawentah raos peduli dhumateng anak yatim lan fakir miskin. Sedekah menika bukti nyata bilih siyam kito mboten namung nahan luwe, nanging ugi nahan raos pelit ing manah."


"Mugi-mugi Allah SWT nampi sedaya amal sedekah kito lan ndadosaken celengan kito wonten ing akhirat mangke. Amin ya Rabbal Alamin."

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


 

Kultum Singkat: Syukur Marang Nikmate Gusti

 

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Alhamdulillahirabbil 'alamin, puji syukur dhumateng Gusti Allah SWT ingkang sampun paring nikmat iman, Islam, saha kesehatan saengga kita saged kempal wonten mriki. Sholawat lan salam mugi katur dumateng Kanjeng Nabi Muhammad SAW. 

Bapak/Ibu jamaah ingkang minulya,

 

Manungsa meniko asring kesupen ngelampahi syukur atas nikmatipun Gusti Allah ingkang mboten saged dietang kathahipun

. Kamangka, kanthi syukur, Allah janji bakal nambah nikmat kasebat, kados dawuhipun: 

"La’in syakartum la’azidannakum"

.

 Syukur mboten namung ngucap "Alhamdulillah" ing lisan. Nanging, syukur sing bener inggih punika:

1.    Syukur kelawan ati: Ngakoni menawi sedaya nikmat (sehat, rejeki, kulawarga) asale saking Gusti Allah.

2.    Syukur kelawan lisan: Ngucap tahmid lan dzikir.

3.    Syukur kelawan perbuatan: Nggunakake kanugrahan kanggo ibadah, sodaqoh, lan nulung sesama. 

Mugi-mugi, kita sedaya kalebet golongan hamba ingkang tansah syukur, mboten kufur nikmat, saengga berkahipun urip bakal tansah krasa. 

Cekap semanten ingkang saged kula aturaken. Nyuwun pangapunten menawi wonten kaluputan.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. 

 

KULTUM - RAMADHAN, WULAN PASA LAN TAQWA - BY SHKERTY

 

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.

Alhamdulillah, puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring kesarasan lan umur panjang, saengga kita saged pinanggih malih kaliyan wulan suci Ramadhan. Shalawat lan salam mugi katetepna dumateng Nabi Muhammad SAW.

Jamaah ingkang dirahmati Allah,

Ramadhan punika wulan ingkang mulya, wulan kagem nindakaken ibadah pasa (siyam). Pasa punika dudu namung nahan luwe lan ngelak wiwit subuh nganti maghrib. Nanging, pasa sing sejati yaiku ngempet hawa nafsu, njaga lisan, lan ati saking tumindak ingkang boten sae. 

Tujuan utama pasa dipunandharaken ing Al-Qur'an Surah Al-Baqarah ayat 183:
"...diwajibake kanggo sira pasa, kaya dene diwajibake kanggo wong-wong sadurunge sira, supaya sira dadi wong kang taqwa."

 

Punapa ta Taqwa punika?

 

Taqwa inggih punika nindakake dhawuh-dhawuh Allah lan nilar sedaya awisan-Ipun (perintah dan larangan). 

Kados pundi caranipun nggayuh Taqwa ing wulan Ramadhan?

1.    Niat ingkang Ikhlas: Pasa kanthi dhasar iman lan ngarep-arep ganjaran saking Allah.

2.    Njaga Kualitas Pasa: Boten namung nahan luwe, nanging uga nahan mripat, kuping, lan ati saking dosa.

3.      Meningkatkan Ibadah: Nambah shalat sunnah (Tarawih/Tahajud), ngathahaken maca Al-Qur'an, lan sedekah. 

Ramadhan punika didikan (tarbiyah) langsung saking Allah. Wulan iki wektu sing pas kanggo ngoreksi diri lan nambah katakwaan. 

 

Kesimpulanipun:
Mangga kita maksimalkan Ramadhan punika. Pasa lan Taqwa punika setunggal paket. Pasa sing bener bakal ngasilake pribadhi ingkang taqwa. Mugi-mugi, bibar Ramadhan punika, kita sedaya dados tiyang ingkang langkung sae lan nggadhahi derajat taqwa ing ngarsanipun Allah SWT. 

Sugeng nindakaken pasa, mugi Gusti Allah maringi berkah lan ridha-Nya. 

 

Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.


 

KULTUM Amalan Sunah di Wulan Poso / RAMADHAN - Bahasa Jawa - BY SHKERTY

 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ

Jemaah ingkang minulyo.

Monggo kito sami-sami taqwo dumateng Gusti Allah wonten ing pundi kemawon kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun, Mugi-mugi kitotansah pikantuk rahmat lan kanugrahan saking Gusti Allah.

Jemaah, poso punika mboten namung ngempet ngelak lan luwe. Kulo lan panjenengan sami ugi nggulo wentah jasmani lan ruhani. Kelawan poso kito kedah ngelatih sabar, lan ngempet sedoyo kekarepan keenakan ingkang saget mengku doso saking kesenengane howo nafsu

Poso Ramadhan ndidik kita ugi supados ningkataken sifat kumawula kanti amal ibadah soho amal sosial. Saklebetipun wulan Ramadhan, kito mboten namung poso kemawon.

Monggo kito ngatahaken ibadah kados shalat tarawih dalunipun, tadarus Al Qur'an, giyatipun pengaosan, mekaten ugi amal sosial. Kito kados ngatahaken shadaqah, silaturrahim, ngabekti dateng tiyang sepuh, welas asih dateng sederek lan sanesipun.

Sedoyo babagan kala wau mugi saget kita raosaken meningkat ketimbang wekdal sanesipun wulan Ramadhan. Kito miguna'aken poso Ramadhan kanti sae lan nggadahi makno, soho ngasilaken hikmah kanthi katah tumrap kita sedoyo. Mugi-mugi amalan kito soho ditompo wonten ngersanipun Allah.

Mekaten kultum saking kula mugi-mugi ngasilaken manfaat dumateng kito sedoyo.

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Kultum Kutbah - Bersyukur BY SHKERTY - Bahasa Jawa

 

Assalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh,

Bismillaahirrahmaanirrahiim...

 

إِنّ الْحَمْدَ لِلَّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُه
اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيّدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن.

 

Puji syukur konjuk dhumateng ngarsanipun Allah Swt. ingkang tansah paring pitulungan dhumateng kita sedoyo, lan paring pangayom saking tumindak ingkang awon. Sinteng ingkang katuntun dening Allah, mboten wonten ingkang saged nyasaraken. Sinten ingkang nyimpang saking merginipun Allah, mboten wonten ingkang saged nuntun kajaba Gusti Pangeran.

Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad saw. sesarengan kaliyan keluarga, sahabat, lan umat Islam ingkang ndherek panjenenganipun ngantos dinten kiyamat. Amma ba'du...

Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,

Wonten ing wulan Ramadhan ingkang suci punika, sumangga kita tansah ngunjukaken puji syukur dhumateng ngarsanipun Allah Swt. Kathah berkah saking Allah dhumateng kita piyambak. Contonipun, ingkang sepisan, nikmat ingkang kedah kita syukuri inggih menika dipun paringi umur lan kesehatan saged nemoni wulan Ramadhan.

Ramadhan punika wulan ingkang kebak kamulyan, berkah, saha maghfirah saking Allah Swt. Wonten riwayat saking Abu Hurairah ra. bilih Rasulullah SAW. dhawuh mekaten:

 

عَنْ أَبِي هُرَيْرَةَ قَالَ قَالَ رَسُولُ اللَّهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ: أَتَاكُمْ رَمَضَانُ شَهْرٌ مُبَارَكٌ فَرَضَ اللَّهُ عَزَّ وَجَلَّ عَلَيْكُمْ صِيَامَهُ تُفْتَحُ فِيهِ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَتُغْلَقُ فِيهِ أَبْوَابُ الْجَحِيمِ وَتُغَلُّ فِيهِ مَرْدَةُ الشَّيَاطِينِ لِلَّهِ. فِيهِ لَيْلَةٌ خَيْرٌ مِنْ أَلْفِ شَهْرٍ (سنن النسائي الجزأ 7 ص.

Artosipun:

"Saka sahabat Abu Hurairah ra., bilih Rasulullah sampun ngendika: Satemene wulan Ramadhan wis teka marang sira, wulan kang kebak berkah, ing sasi iku Allah SWT ngwajibake sira padha siyam. Ing sasi iku, lawanging swarga dibukak, dene lawanging neraka ditutup lan setan-setan dibelenggu. Ing sasi iku ana wengi kang luwih becik tinimbang sewu wulan," (H.R. An-Nasa’i).

Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,

Tuladhanipun kanugrahan ingkang kaping kalih ingkang kedah dipun syukuri inggih menika dipunparingi kekiyatan lan kesehatan kangge nindakaken siyam. Puasa ramadhan menika mujudaken amalan kagem tiyang ingkang taqwa. Gusti Allah Swt. wonten ing surat Al-Baqarah ayat 183 dhawuh mekaten:

 

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ

Artinya:

"He wong-wong kang padha iman, sira diwajibake pasa kaya kang diwajibake marang wong-wong sadurunge sira, supaya sira padha taqwa,"(QS. Al-Baqarah [2]: 183).

Kajawi saking kalih tuladha ing nginggil, taksih kathah kanikmatan sanèsipun ingkang kedah dipun syukuri ing wulan Ramadhan, kadosta dipun pangapunten dosa-dosanipun, dipun inggilaken drajadipun, ugi dipun angkat kesarasan rohani lan jasmani.

Kaum muslimin muslimat wal muslimat, rahimakumullah,

Mekaten kultum ingkang saged kula udharaken. Mugi saged mbeta berkah kagem kita sedanten. Ugi, mugi Allah SWT. rida dhumateng sedaya amalan ingkang kita lampahi. Aamin aamin ya rabbal alamin.

وَاللهُ المُوَفِّقُ إِلَى أَقْوَمِ الطَّرِيقِ

Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.

Amalan Sunnah di Bulan Puasa BY. SHKERTY - Bahasa Jawa

 

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh

الْحَمْدُ للهِ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلىَ أَشْرَفِ الأَنْبِيَاءِ وَالـمُرْسَلِينَ وَعَلىَ آلِهِ وَأَصَحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ اِلَى يَومِ الدِّينِ، أَمَّا بَعْدُ

Jemaah ingkang minulyo.

Sadaya puji kagunganipun Allah subhanahu wa ta'ala. Allah sampun paring rahmat saha kanugrahanipun, saengga kita sami kaparingan kalodhangan ngrawuhi majelis ingkang tansah pinaringan barokah.


Monggo kito sami-sami taqwo dumateng Gusti Allah wonten ing pundi kemawon kanthi tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisanipun.

 

Kita ugi aturaken sholawat saha salam dumateng junjungan kita Nabi Muhammad shallallahu alaihi wa sallam. Nabi Muhammad ingkang nabi akhir zaman ugi dados tuntunan umat manungsa supados slamet wonten ing dunyo lan akhirat.

 

Sedaya jemaah ingkang minulyo.

Wekdal lumampah kados dene kita sampun mlebet minggu kepisan kalih wulan Ramadhan. Kawajiban umat Islam nindakake pasa sampun kaandharaken wonten ing sabdanipun surat

Al-Baqarah ayat 183:

"Yā ayyuhallażīna āmanụ kutiba 'alaikumuṣ-ṣiyāmu kamā kutiba 'alallażīna ming qablikum la'allakum tattaqụn."

 

Artinipun,"

Wahai orang-orang yang beriman! Diwajibkan atas kamu berpuasa sebagaimana diwajibkan atas orang sebelum kamu agar kamu bertakwa."

Saklajengipun, kautaman wulan siyam inggih menika wulan penebus dosa. Wonten ing satunggaling hadis,

 

Rasulullah ngendika:

Jarak antarane shalat limang wektu, shalat Jum’at lan pasa Jum’at lan Ramadhan sabanjure karo Ramadhan sabanjure minangka penebus dosa-dosa sing ana ing antarane, yen panjenengan ora nindakake dosa gedhe,” (HR Muslim).

 

Pramila sumangga kita tansah ngginakaken kalodhangan punika kanthi nambahi amal ibadah. Sumangga kita ngisi 10 dinten ingkang kaping setunggal kanthi nambahi amalan ibadah sunnah sanesipun supados pikantuk kamulyaning wulan Ramadhan saking Allah SWT.

 

Lajeng menapa ingkang saged kita tindakaken kangge nyuwun pangapunten dhumateng Allah? Ing antarane tumindak kasebut yaiku nambahake shalat wengi, sedekah, lan sakpiturute.

 

Ora mung Tarawih kang bisa dileksanakake ing masjid-masjid. Kito uga bisa ditambahi shalat-shalat liyane, kayata salat tobat, tasbih, tengah wengi ing telung wengi akhir, lan adat ditutup karo solat witir.

 

Kajaba iku, kita bisa nambahi donga ing wulan Ramadhan. Donga kanggo awake dhewe, wong tuwa, guru, sedulur lan sedulur liyane. Kita ugi saged maos Al-Qur’an lan dzikir supados pikantuk ganjaran ingkang kathah saking Allah.

 

Mekaten kultum saking kulo. Mugi-mugi atur kula menika wonten manfaatipin kagem kito sedaya.

Wassalamu'alaikum warahmatullahi wabarakatuh.

KULTUM SINGKAT BHS JAWA - Ngiyataken Iman Lumantar Dzikir lan Donga

  Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. "Alhamdulillah, sumangga kito tansah munjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT ingkan...